Minggu, 29 November 2009

Wedhus


Onok telu ciri arek sing mari melok ngrewangi mbeleh wedhus. Ning Ya nontoki arek telu sing kaet esuk umek ngrewangi panitia ndhik lapangan idhek omah. Arek telu gak leren-leren ngedum bungkusan digawe wong sing ijol kupon. Awan sampek sore sepi.

Bareng mari adus, Ning Ya keliling. Arek iku ngliwati omahe Cak Sur. Jare emake, Cak Sur sik turu. “Oh… iki mergo Cak Sur kekeselen ngopeni wedhus sampek mbagi ndhuk warga. Cak sur dadi panitia,” pikire Ning Ya. Tekok njaba krungu ngoroke Cak Sur.

Ning Ya bablas nang omahe Pi’i. Arek iku lungguh ndhuk teras. Sikile ndlosor diunggahno meja. Tangane Pi’i nguyek endhas. Bolak-balik arek iku mringas-mringis kelaran. “Oalah, Ning… yo ngene iki lek kakehan mangan wedhus. Sate 23, gule, krengsengan, kuabeh tak pangan.

Saiki sikilku cekot-cekot. Endhas nguelu. Gulu rasane ceklek kuabeh. Iki mau ditensi jare tekanan dharahku 180. Kapok aku, Ning,” jare Pi’i.

Ning Ya mesakno nontok kancane sitok iki. Wis dhasare duwe lara bludrek ambek asam urat lha kok mangan wedhus digetna. “Lha yok opo, Ning. Sing nawari aku pirang-pirang. Liwat ndhik ngarepe omahe RT dikongkon mampir, mosok kate gak tak pangan satene. Ngliwati omahe Wak Abdul, dikongkon ngincip gule. Sapa sing nolak? Arek sak kampung lak eruh lek gulene Wak Abdul uenak. Bareng lungguh kewaregen, dikirimi krengsengan.Yo tak pangan,” jare Pi’i.

“Lha koen iku jremba, I,” jare Ning Ya. Ning Ya pamitan, kate nginguk kanca sitoke. Sapa eruh Pendik ya lara. Arek iku mau mangan gule telap-telep. Tapi bareng eruh Pendik malangkerik ndhik ngarep, Ning Ya gumun. “Laopo, Ndik?”
“Yo ngene iki akibate mangan gule. Rasane yok opo ngono, Ning, lek nontok koen liwat. Awakku dadi anget,” jare Pendik cengar-cengir.
Ning Ya age-age nyingkrih. ”Arek gendheng iku golek mungsuh.”#surya.co.id#

Tidak ada komentar:

Posting Komentar